Pages

Minggu, 29 Januari 2012

bahasa jawa :D

Pengetan Dina Kamardikan Ing Desaku

Sakdurunge tanggal 17 Agustus, kahanan desaku wis rame banget. Saka kalurahan wis nganakake PORDES kang dieluni dusun-dusun ing desaku. PORDES mau singkatan saka Pekan Olah Raga Desa. Ing PORDES lomba-lomba kang dianakake kayata: bal-balan, badminton, voly, catur, uga ana bridge, kang kabeh mau biasane dieluni kaum priya saka para pemudha antar dusun. Gandheng yen esuk utawa awan pemaine padha sekolah lan kerja, lomba-lomba mau dianakake sore lan bengi. Dusun-dusun ing wilayah desaku, yaiku Desa Mororejo, wes padha rame nyiapake piranti kanggo melu PORDES mau.

Biasane, lomba bal-balan dieluni karo bocah lanang-lanang kang umure kurang saka 17 tahun, peraturan kuwi wes ditetapke saka panitia, dadi kang melu lomba bocah cilik-cilik. Nanging, ing dusunku ora pati akeh bocah lanang kang umure tanggung, utawa cah SMPnan, mula saka dusunku bocah-bocah SD dieluake kanggo ganep-ganep. Kanggo nglawan tim saka dusun liya kang bocah-bocahe padha gedhe-gedhe pancen angel. Pak Dukuh caos pesen supaya bocah-bocah kang melu bal-balan mau ora ambisi banget-banget supaya bisa menang, ndak dadi gela ning ati. Kareppe Pak Dukuh, bocah-bocah mau dikon melu ming kanggo rame-rame desa wae. Lombane bal-balan mau dilaksanakake ing lapangan desa, cerakkantor kalurahan. Sak durunge lomba diwiwiti, lapangan mau wes disiapke karo panitia, ukuran-ukurane wes dipaske. Wektu tim saka desaku main, kang dingendikakake Pak Dukuh mau kedadean. Bocah-bocah mau ora bisa ngalahake lawan. Jenenge cah cilik mesthi gela yen ora menang, tekan ngomah bocah-bocah mau padha nggresula.

Lomba voly dieluni para pemudha lan bapak-bapak kang isih kuat. Lomba voly dilaksanakake ing lapangan voly dusun Domban. Biasane kang menang yaiku saka dusun Plumbon Lor lan dusun Domban, merga dusun loro kuwi sregep latihan. Yen ing dusunku ora ana kang sregep latihan merga wis padha duwe gawean dewe-dewe lan ora akeh kang minat. Dadi, dusunku uga ming melu ngramekake.

Ing lomba PORDES pancen dusunku ora tau menang, merga Pak Dukuhe ora tau ngubrak-ubrak wargane supaya latihan lan ora nyediakake pirantine. Bedo yen dibandingake karo dusun Domban utawa Plumbon Lor, ora mung wargane sek sregep, nanging Pak Dukuhe uga nyediakake pirantine. Mula, ing lomba apa wae dusun loro kuwi mesthi menang.

Ora ming lomba PORDES kang rame, lomba kanggo bocah cilik-cilik ing dusunku, dusun Plumbon Tengah, uga rame. Lomba iku maudianakake marang para pemudha. Lombane ora ming sak werna, nanging akeh wernane, ana lomba mangan krupuk, lomba lari kelereng, lomba balap karung, lomba nggoleki bal, nyekel welut, mindah krikil, nggowo lilin ora oleh nganti mati genine, lsp.

Aku paling seneng lomba balap karung. Yen nyawang kang lagi padha main balab karung iku rasane lucu dadi pingin ngguyu. Yen nglakoni dewe mesthi yo karo ngguyu, dadi malah ra tekan-tekan.

Lomba kang paling njengkelake yaiku lomba lari kelereng. Mlayune kudu cepet nanging uga kudu ngati-ati tenan, yen ora ngati-ati mesthi nekere dadi tiba, ndedak mbaleni meneh. Wes mbaline ning mesthi ora menang iku saya njengkelake meneh. Uuntune uga dadi linu.

Sing paling lucu yaiku lomba nggoleki bal. Carane, mripate ditutupi nganggo sleyer, banjur mbrangkang bareng-bareng wong akeh nggoleki bal. Mesthi ana kang nggodani, endi nguncali sandal, ngenei jambu ben dikiro bal, uga ana kang nganti nyekel kodok. Yen wis ana sek nemu bal berarti wes rampung. Sakwise kuwi, kancane kang nyekel aneh-aneh mau banjur takon-takon,”Aku mau nyekel apa wae?”nanging re nyauri malah padha aneh-aneh. Re nyauri ora saktemene, diapusi supaya jijik, wedi, lsp.

Sedina sakdurunge tanggal pitulas Agustus, ing daleme Pak Dukuh, ibu-ibu warga dusun padha masak bareng-bareng kanggo malem tirakatan. Bengine, tirakatan lan pembagian hadiah  dilaksanakake ing daleme Pak Dukuh. Biasane bocah cilik-cilik mung padha menyang njipuk hadiah, ora melu tirakatan. Mula, pembagian hadiah dianakake ing awal acara.

Esuke, acara pitulasan durung rampung. Isih ana siji acara kang ora oleh diliwatke, yaiku acara karnaval. Esuk-esuk, para warga ing desaku padha ngumpul ing daleme Pak Dukuh nggawa sepeda kanggo dihias. Senajan dihias dewe-dewe, yen dilaksanakake bareng-bareng iku dadi luwih seneng. Apa meneh yen awakedhewe ora duwe kaya nggone kancane, awakedhewe oleh njalok, ora kangelan tuku. Wujudte hiasan mau werna-werna, ana kang diwenehi balon, gendera, besek, uga ana kang diwenehi kerdus dibentuk prahu.

Karnaval ing dusunku biasane dianakake awan-awan supaya ora empet-empetan karo dusun liyane, mergane seka dusun liyane padha mulai esu-esuk. Senajan wis dilaksanakake awan-awan, nanging tetep wae bareng karo dusun liyane. Biasane dusunku bareng karo dusun Plumbon Lor kang wargane luwih akeh adoh saka wargane dusunku. Rute karnaval ming ngliwati dusun-dusun ing sekitar Desa Mororejo wae, nanging wis kesel banget amerga ming padha ngepit onthel. Ing dalan hiasane sepeda padha mrithili siji-siji. Ana balon kang mabur utawa ucul, uga ana kang njeblug. Ing dalan, panitia padha nganggo pit motor ngontrol kang padha ngepit onthel sinambi ngenei nomer kanggo ngijolke dourprise.

Garis finish karnaval mau ing daleme Pak Dukuh. Ing kana wis dicepaki dhaharan lan wedang teh. Sinambi leren, panitia padha ngenei dorprise. Dorprise mau diwenehake kanggo wong sek duwe nomer kang dikopyok, uga kanggo bocah-bocah kang ngiase pit paling unik. Pengetan dina kamardikan pancen uwis rampung, nanging rasa seneng ing wektu iki ora ilang.

Sorene, para pemudha kerja bakti ngresiki papan tilas kanggo lomba lan nyopoti umbul-umbul. Pancen, yen dirasa acara iki gawe awak kesel banget. Nanging, bisa gawe ati seneng.

0 komentar:

Posting Komentar

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More